Tuesday, February 23, 2010

Sesorah Basa Jawi - Perkawis Ujian Nasional

Beberapa waktu yang lalu saya pernah menulis sesorah untuk ujian praktek, kebetulan mengenai Ujian Nasional. Singkat dan padat sih...

SESORAH
Bapak, Ibu, kaliyan sadherek sedaya ingkang tansah kawula tresnani, wonten ing titi wanci punika kita saged pepanggihan wonten ing panggenan mriki, boten sanes awit saking keparengipun Gusti ingkang mubaring dumados. Keparenga kawula ngaturaken sekedhik perkawis utawi pemanggih kawula.

Perkawis ingkang badhe kula aturaken, injih punika perkawis Ujian Nasional, kawula gadhah pemanggih bilih Ujian Nasional punika ampun dados pathokan kagem nemtokaken siswa menika saged ngelajengaken sinau wonten ing sekolah saklajengipun.
Awit, Ujian Nasional menika dipun pendhet nilainipun naming wekdal etangan jam utawi dinten. Kita kedah mirsani utawi menggalih ugi siswa menika sinau saklebeting tigang taun, perkawis sregep, lajeng tindak tandhuk dumateng guru, tiyang sepuh lan dumateng rencang rencang-rencangipun.

Nilai-nilai ulangan harian saklebeting tigang taun injih kedah kita etang. Menawi naming saking Ujian Nasional , kita boten mangertos hanan siswa wekdal anggenipun nggarap. Nembe wonten perkawis keluarga, ingkang saged ndadosaken siswa pikantuk nilai ingkang awon. Ananging boten teges kawula, boten sarujuk kaliyan wontenipun Ujian Nasional, naming mbok menawi saged dados penggalihanipun bapak ibu sedaya, supados saklebeting sinau tigang taun menapa ingkang sampun dipun lampahi para siswa saged dados penggalihan ugi.
Mekaten atur kawula, wonten lepatipun nyuwung gunging samudra pangaksami, matur nuwun.

2 comments:

Wening Suri Pawestri(ʃ⌣ƪ) said...

cara hafalinnya gimana?

Unknown said...

Perkawis tu apa?

Post a Comment

 
Powered by Blogger